WSL Fresh Install
Yen awakmu pengen nggawe WSL sing ora nganggo installer seko Microsoft Store
Download rootfs image
Carane pasang neng Windows
-
Jalanke saka cmd utawa powershell, ora perlu nganggo administrator.
> wsl.exe --import <jeneng distribusi> <panggonan instalasi> <panggonan .TAR.GZ>katrangan jeneng distribusi Iki mengko dadi jenenge distribusi sing neng wsl. Yen awamu njalanke wsl -l, jeneng iki sing bakal muncul. Contonewsl-freshpanggonan instalasi Misale yen diisi C:\wsl-fresh\, nah mengko virtual hardisk nggone distro iki disimpen neng panggonan iku.panggonan .TAR.GZ Sakdurunge, kan wis download image rootfs, lha panggonan iki diisi file sing wis di download, lengkap sak path-e -
Sing dadi cathetan, pas dijalanke nganggo
wsl -d wsl-fresh(anggep wae pas nggawe dijenengiwsl-fresh), user neng linux nganggoroot. Sakjane yo ora apa-apa. tapi luwih apik yen nduwe user dhewe kanggo login biasa. Yen arep nggawe user biasa, carane kaya iki:-
Anggep wae arep nggawe user jenenge
tukiman. Mlebu sik neng nggon wsl, terus jalanke perintah iki:$ adduser tukimanTerus bar kuwi kon nglebokne password, ping pindho. Yen ditakoni macem-macem, jawab wae sak-senengmu.
Aja lali nambahke
tukimanmau dadisudoer$ adduser tukiman sudoTerus, ben pas nggunakake wsl langsung login nganggo user
tukimanperlu ngedit file/etc/wsl.conf. Bisa di edit nganggonanoapavim, saksenengmu. Isine kaya iki:[user]
default=tukiman -
Bar nggawe user, linux wsl di shutdown saka windows cmd apa powershell.
> wsl --shutdown -
Terakhir, yen perlu, pas buka wsl langsung neng
home. carane:echo "cd ~" >> ~/.bashrc
-